HARIANWANHON - Gragas 
Tata krama bebasane wis ora diduweni
Unggah ungguh uga kaya ora nate diwulangi
Bedhigasan tanpa aturan 
Cekakaran lali marang kahanan 
Jan jane kowe luwe utawa doyan?
Anggonku nyawang kamidlongopen
Sing nyangga ajang kaya wong kaliren
Diratani saka kiwa nganti tekan tengen
Olahan garingan nganti sing adus santen
Isih clilang-clileng golek liyane, kebangeten
Iki cerita ana ing sawijine kahanan 
Wong duwe gawe ingone prasmanan 
Dhayohe nyidhuk dhewe tanpa ladenan 
Supaya milih sakrenane suguhan kelangenan
Nanging yen ana sing kaya ngene, blaen tenan
Ana menungsa tanpa isin matane miceg
Ana menungsa tanpa rasa kupinge mbudheg
Amung butuh wadhuke mbedudung wareg
Raine abang ireng, kringet dleweran ambune apeg
Sendhen cagak kangelan anggone ngadeg
Takarani wong nggragas 
Tata krama lan duga ora digagas 
Banjur kebal-kebul anggone ngudut
Mbuh klobot mbakone sapa sing disaut
Jarene mari mangan yen ora rokokan cangkeme kecut
Tobat...tobat, jan tobat
Ana menungsa ngasorke derajat
Ora amerga kurange bandha utawa pangkat 
Nanging keblegan napsu sing manggon ing pucuk ilat
Nyawang panganan, ngiler ngeleg idu tanpa asat
Geguritan iki, gurit pepeling 
Muga bisa kanggo pengeling-eling
Yen jatahe weteng amung sapiring
Dudu sakwakul tanpa tedheng aling-aling
Aja nganti landhepe pikir kalah karo beling
Sumber : FB Basa Jawa Krama




